Papat Limpad/jv
Dari Wikimedia Indonesia
|
Papat Limpad iku istilah jroning Basa Jawa sing maknané Papat Pinunjul lan minangka ajang kompetisi nulis ing situs Wikipedia Basa Jawa sing digagas bakal dianakaké ing Universitas Negeri Semarang (UNNES). Diiloni déning 100 peserta saka kalangan mahasiswa lan dosèn saka UNNES Semarang, para peserta lan dosèn bakal diuji ketahanané sajroning wektu 7 (pitung) wulan (April-Oktober 2011). Liwat kompetisi iki diangkah bakal ana penambahan gunggung lan kuwalitas artikel-artikel yang abasa Jawa ing situs Wikipedia Basa Jawa.
Didhukung déningMitra mediaKompetisi nulisKompetisi nulis iki digagas déning Proyek Utama Wikimedia Cipta yaiku kompetisi dirancang minangka acara kaintegrasi arupa pelatihan, uji ketahanan, upaya nambah artikel kuwalitas apik abasa Jawa ing ranah internet jroning wektu pitung sasi. Kompetisi iki dianakaké minangka upaya nyurung semangat sukarelawan mbébasaké kawruh. Kompetisi sing suwéné pitung sasi dirancang minangka sasana pelatihan sing bakal mecut penulis-penulis anyar jroning basa Jawa ing babagan ngumpulaké lan nulisaké informasi. Diajab kanthi anané para penulis-penulis anyar mau, artikel-artikel abasa Jawa ing Indonesia dadi tansaya akèh lan mènèhi aksès kawruh tumrap penutur basa Jawa sing ngupaya informasi liwat internèt. Amarga saka kuwi, gaya panulisan para peserta, saliyané diwajibaké nganut kaidah basa Jawa sing apik lan bener, kudu nduwèni gaya ènsiklopedhis lan dimangertèni kabèh wong sacara umum. Karya lan aktivitas para peserta bakal dibiji sacara periodik déning para juri sing dumadi saka gabungan panitia, dosèn UNNES, lan uga perwakilan saka panganggo Wikipedia Basa Jawa. Kompetisi iki bakal diwiwiti kanthi pelatihan marang kabèh peserta saéngga bisa nulis miturut standar kompetisi sing dikenalaké déning Wikimedia Indonesia.
Jadwal acara
|